Forum Jawa Sutresna
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.



 
IndeksGalleryLatest imagesPencarianPendaftaranLogin
Login
Username:
Password:
Login otomatis: 
:: Lupa password?
Latest topics
» Keset Bagus Murah Meriah !!
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyMon Apr 29, 2013 11:19 am by syarief.oden

» Kemoceng Fiber Murah Meriah !!
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptySat Apr 27, 2013 3:22 pm by syarief.oden

» Piring Pecah Belah di Oden Houseware
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyWed Jan 30, 2013 4:13 pm by syarief.oden

» Franchise Bubble Drink Rp 4,5 juta
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyMon Dec 31, 2012 4:50 pm by syarief.oden

» Franchise French Fries Stik Kentang Goreng Bumbu Tabur
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyThu Oct 25, 2012 8:28 pm by revoindonesia

» Waralaba Jagung manis Sweet Cup corn
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyThu Oct 25, 2012 8:11 pm by revoindonesia

» Franchise Terlaris Jagung manis, stik kentang, bubble drink dll
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyThu Oct 25, 2012 8:08 pm by revoindonesia

» great time to trade forex currencies with the world economic problems
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptyMon Aug 01, 2011 2:41 pm by Tamu

» get facebook fans and likes xb
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptySun Jul 31, 2011 7:25 pm by Tamu

Pencarian
 
 

Display results as :
 
Rechercher Advanced Search
Statistics
Total 33 user terdaftar
User terdaftar terakhir adalah syarief.oden

Total 63 kiriman artikel dari user in 49 subjects
Top posters
yoniahmad (25)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
syarief.oden (14)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
Sastra Jawa (12)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
revoindonesia (4)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
jarwo mbilunk (2)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
erida (1)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
comting sastra (1)
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_lcapGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Voting_barGUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Vote_rcap 
CO.CC:Free Domain

 

 GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG

Go down 
PengirimMessage
yoniahmad
Warga Anyaran
yoniahmad


Jumlah posting : 25
Join date : 31.12.09
Age : 37
Lokasi : Semarang

GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG Empty
PostSubyek: GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG   GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG EmptySun Nov 14, 2010 7:57 pm

Ing jaman kraton utawa kerajaan Jenggala kang manggon ing jawa wetan, rajane jenenge Prabu Banjarsari utawa Raden Kudalaban. Prabu Banjarsari kalebu raja kang disenengi rakyate amarga dheweke duweni rasa welas lan asih marang rakyate nanging dheweke uga duweni kasenengan yaiku tapa ing jero guwa olehe tapa tekan ngendi-ngendi nganti sawijining wektu dheweke tapa ana ing guwa kang manggone ing Gunung Kumbang cethane ing tlatah Salem. Guwa mau diarani Guwa Terusan.

Nalika dheweke tapa dheweke entuk wangsit saka dewa munine kraton Jenggala bakal rubuh rata karo lemah lan arep dadi alas maneh mula Sang Prabu kudu nggolek panggonan liya lan mbangun kraton anyar. Sawise nampa wangsit kaya mangkono Prabu Banjarsari banjur bingung dheweke tapa maneh lan ing tapane sing kapindho dheweke ditekani karo Eyang Prabu Sindula. Eyang Prabu Sindula ngendika yen Prabu banjar sari kudu babad alas kang ana ing mburine Gunung Kumbang lan olehe babad alas mau kudu dhewekan ora entuk nggawa prajurit. Ing kono Prabu Banjarsari banjur takon piye yen nganti nggawa prajurite? Eyang Prabu Sindula mangsuli mengko bisa ndadekake bebendu tumrape rakyate. Sawise mangsuli pitakon mau Eyang Prabu Sindula banjur ngilang.

Prabu Banjarsari tansaya bingung, dheweke arep lunga apa ora yen nganti rakyate ngerti yen rajane lunga mesthi padha ngetutake sawise mantep Prabu Banjarsari mutusake lunga babad alas mau. Ora let suwe kraton Jenggala banjur geger amarga kelangan rajane sing lunga ora pamit. Rakyate padha bingung ora ngerti kudu kepiye kena digambarake kaya kuthuk kelangan babone. Jenggala dadi morak-marik ora ana aturan uripe padha nganggo sakarepe dhewe begal, rampog padha metu wong-wong akeh sing dadi korbane.
Ora betah karo kahanan mau saperangan rakyat Jenggala nekani Kaki lan Nini Setomi sing oraliya rakyat Jenggala sing duweni kadigdayan lan kasugihan. Wong-wong padha takon bab lungane Prabu Banjarsari nanging Kaki lan Nini Setomi uga ora ngerti ning ngendi lungane Prabu Banjarsari. Nanging Kaki lan Nini Setomi banjur kandha karo rakyat Jenggala yen dheweke arep semedi njaluk pitutur dewa. Krungu kandhane Kaki lan Nini Setomi rakyate banjur padha ngenteni semedine.

Ing semedine Kaki lan Nini Setomi entuk warah yen lungane Prabu Banjar sari ngulon. Pitutur mau banjur dikandhakake karo wong-wong sing ngenteni. Kaki lan Nini Setomi banjur nari wong-wong mau piye yen nusul Prabu Banjarsari? Wong-wong mau banjur padha rembugan lan mutusake arep nusul Prabu Banjarsari. Esuke rakyat Jenggala wis padha siap arep mangkat kabeh bandhane digawa ingon-ingonane kayata wedhus, sapi padha digawa sawise padha kumpul ing plataran kraton banjur padha mangkat, rombongan mau dipimpin dening Kaki lan Nini Setomi. Rombongan mau padha mlaku ngulon, anggone mlaku nganti pirang-pirang wulan.

Saben ana panggonan sing dianggep aman padha leren biasane terus padha guneman. Bareng wis mlaku rombongan mau tekan ing Gunung Kumbang. Ing kono Kaki lan Nini Setomi banjur semedi ing Guwa Terusan anggone semedi ana ing sanjabane guwa. Nanging ning kono ora padha ngerti yen ing jero guwa Prabu Banjarsari isih tapa. Ing tapane Prabu Banjarsari ditekani Eyang Prabu Sindula dheweke diwekas supaya ngrampungake tapane lan nemoni Kaki lan Nini Setomi sing lagi semedi. Ing kahanan liyane Kaki lan Nini Setomi uga ditemoni karo Eyang Prabu Sindula lan diwenehi ngerti yen Kaki Setomi arep didakekake patihe Prabu Banjarsari nanging ana sarate, sarate yaiku kudu ngrewangi Prabu Banjarsari mbabad alas kang ana ing burine Gunung Kumbang.

Sawise ketemu karo Kaki lan Nini Setomi wong loro banjur kangen-kangenan banjur padha nemoni rakyate. Rakyat Jenggala nemen getone nalika weruh rajane maneh banjur padha tangisan. Prabu Banjarsari banjur crita bab lungane saka Jenggala, dheweke uga nyritakake yen arep babad alas kanggo mbangun kerajaan anyar. Alas sing arep dibabad mapan ing Burine Gunung Kumbang iku biyene duweke krajaan Galuh.
Alas mau alas gung liwang-liwung ora ana jalma manungsa kang wani ngambah amarga ing kono ana sing mbaureksa. Manut critane wong sing manggon ing sakiwa tengene alas ing alas kono ana kerajaan siluman sing gedhe ratune saka bangsa manungsa sekti mandraguna jenenge Dewi Ginawati dheweke uga bisa malih rupa dadi apa wae.

Krungu crita mau Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi ora duweni rasa wedi dheweke tetep mantep arep mbukak alas Galuh mau. Sawise tekan alas mau banjur wiwit resik-resik Dewi Ginawati krungu kabar saka prajurite sing nglaporake yen ana wong sing ngrusak lan gawe geger. Dewi Ginawati murka amarga rumangsa diusik panguasane dheweke ora trima karo wong-wong sing digawa dening Kaki lan Nini setomi Dewi Ginawati terus mimpin wadya balane mateni Prabu Banjarsari sakrayate.

Ing kono Dewi Ginawati sakwadya balane perang kanthi cara nyebar lelara. Wong-wong padha lara nanging ora ngerti apa sejatine sing kadaden amarga ora weruh wujude wadya balane Dewi Ginawati sing wujude lelembut. Wong-wong sing keno lelara akeh sing mati, Prabu Banjarsari bingung kepriye carane ngatasi pageblug mau Dheweke banjur kongkonan Nini Setomi supaya semedi njaluk pitutur priye carane ngrampungi pageblug mau. Nini Setomi banjur semedi ing semedine Nini Setomi entuk wangsit sing munine dheweke kudu golek bawang lanang lan jahe banjur dibebeg lan dicampuri banyu saka pitung sumber sing beda.

Sawise dadi, ramuan mau diwenehake marang Prabu Banjarsari lan Kaki Setomi supaya disiramake ing panggonan-panggonan sing wingit. Sawise ramuan mau disiramake ing papan wngit. Sanalika wadyabalane Dewi Ginawati sing wujude lelembut banjur ketok, prajurite Prabu Banjarsari padha kaget weruh lelembut sing gawe pageblug. Saka panyawange para wong sing melu perang bangsa lelembut mau padha ngglethak kepanasen, ora duwe daya amarga kena ramuane Nini Setomi. Lelembut liyane padha mlayu pontang-panting ora karuan, ngerti wadyabalane kalah Dewi Ginawati banjur maju perang dhewe.
Nanging polahe banjur diendhegake karo Prabu Banjarsari ing kono kadaden perang gedhe antarane Prabu Banjarsari lann Dewi Ginawati. Amarga padha sektine kaya-kaya perang mau ora bakal rampung. Nanging saya suwe Prabu Banjarsari ngerti wadine Dewi Ginawati yaiku wedi karo ramuan sing digawe Nini Setomi. Kaki Setomi sing nyawang perang mau banjur akal dheweke nemoni Nini Setomi njaluk ramuane untunge isih ana sethithik banjur ramuan mau diwenehake karo Prabu Banjarsari.

Sawise ngerti yen Prabu Banjarsari duwe ramuan sekti mau, Dewi Ginawati banjur ngaku kalah lan dheweke gelem dipekbojo dening Prabu Banjarsari. Sawise ngalahake Dewi Ginawati Prabu Banjarsari mbangun kerajaan Galuh Anyar ing alas mau. Prabu Banjarsari rajane lan Kaki Setomi patihe. Dewi Ginawati banjur dadi bojone Prabu Banjarsari sawise bebojoan suweakhire Dewi Ginawati nglairake anak wadon sing dijenengi Dewi Lara Angin-Angin. Bareng wis gedhe anake mau ora gelem kawin lan malah lunga saka kraton. Critane sang Dewi Lara Angin-Angin saki dadi ratuning laut kidul.

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/07/guwa-terusan-ing-gunung-kumbang.html
Kembali Ke Atas Go down
http://yoniahmad.blogspot.com
 
GUWA TERUSAN ING GUNUNG KUMBANG
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1
 Similar topics
-
» GUWA KISKENDHA
» GUNUNG TOMPOMAS
» GUNUNG TIDAR

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
Forum Jawa Sutresna :: Karya Sastra Jawa :: Cerita Rakyat-
Navigasi: