yoniahmad Warga Anyaran
Jumlah posting : 25 Join date : 31.12.09 Age : 37 Lokasi : Semarang
| Subyek: ELINGA NGGER ! Sun Nov 14, 2010 8:11 pm | |
| “ LENGGER” Ki Martoloyo kuwi wong kang agamane kuwat lan seneng karo seni. Ki Martoloyo uga seneng ngulandara kanggo dhakwah utawa nyebarake agama islam. Nganti ing sawijining dina Ki Martoloyo tekan ing desa sing ana ing tlatah Wonosobo. Ki Martoloyo uga nyebarake islam ing kana. Kanggo mincut kawigetene warga supaya gelem pada ngumpul, Ki Martoloyo mbarang dadi lengger. Kamangka lenggerkuwi dandanane kaya wong wedok sing biyasane njoged kayata gambyong utawa tayub kang anggon-anggonane jarik, kemben, sampur, lan nganggo gelung gedhe. Nanging kabeh kuwi mau dilakoni Ki Martoloyo kanthi manah kang ikhlas. Sabanjure Ki Martoloyo njoged kaya lumprahe wong mbarang. http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/04/elinga-ngger.html | |
|