yoniahmad Warga Anyaran
Jumlah posting : 25 Join date : 31.12.09 Age : 37 Lokasi : Semarang
| Subyek: AKU PENGEN MULIH Sun Nov 14, 2010 8:23 pm | |
| Dening Yoni Ahmad
Apa yaa nek saumpama mripat iki merem wengi ikiNggawa aku nglang-langi ngalam impiBakal ana sing nangekake aku ing esuk mangkeWus suwe ora dak rungu ana suwara-suwarangundang akuSupaya age-age endang tumandang sholat subuhNgelingake yen saikine aku wis diwasaWis wayahe kudu bisa tangi dheweNanging suwara kuwi isih keprungu jelas,“Cung, ayo tangi! Wis wayahe nglakoni kewajibaneAyo ndang njenggelek njupuk banyu wudlu, Banjur sawuse kuwi nganjutke pakarnyan!” Sanajankahanan saiki ing kene ora kaya kuwi maneh Amargaaku urip adoh saka omah lan kluwarga Akutansah krungu suwara-suwara mau sanajan mung alon Suwaragemuyune adhik-adhikku cilik padha dedolanan Kaya-kayanjewer kupingku nganti krasa panas “Mas,nek bali maneh mangke aku nitip Saperanganbuku lan bulpen kanggo aku sinahu!” Ah,rasane ati iki ora karuhan anane Akupengen krungu suwara nangekake aku subuh Akupengen krungu suwara gemuyu adhik-adhiku Saikinekrasa aku pengen nangis, aku kangenAku pengen baliAku pengen mulih | |
|