Forum Jawa Sutresna
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.



 
IndeksGalleryLatest imagesPencarianPendaftaranLogin
Login
Username:
Password:
Login otomatis: 
:: Lupa password?
Latest topics
» Keset Bagus Murah Meriah !!
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyMon Apr 29, 2013 11:19 am by syarief.oden

» Kemoceng Fiber Murah Meriah !!
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptySat Apr 27, 2013 3:22 pm by syarief.oden

» Piring Pecah Belah di Oden Houseware
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyWed Jan 30, 2013 4:13 pm by syarief.oden

» Franchise Bubble Drink Rp 4,5 juta
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyMon Dec 31, 2012 4:50 pm by syarief.oden

» Franchise French Fries Stik Kentang Goreng Bumbu Tabur
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyThu Oct 25, 2012 8:28 pm by revoindonesia

» Waralaba Jagung manis Sweet Cup corn
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyThu Oct 25, 2012 8:11 pm by revoindonesia

» Franchise Terlaris Jagung manis, stik kentang, bubble drink dll
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyThu Oct 25, 2012 8:08 pm by revoindonesia

» great time to trade forex currencies with the world economic problems
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptyMon Aug 01, 2011 2:41 pm by Tamu

» get facebook fans and likes xb
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptySun Jul 31, 2011 7:25 pm by Tamu

Pencarian
 
 

Display results as :
 
Rechercher Advanced Search
Statistics
Total 33 user terdaftar
User terdaftar terakhir adalah syarief.oden

Total 63 kiriman artikel dari user in 49 subjects
Top posters
yoniahmad (25)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
syarief.oden (14)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
Sastra Jawa (12)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
revoindonesia (4)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
jarwo mbilunk (2)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
erida (1)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
comting sastra (1)
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_lcapManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Voting_barManumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Vote_rcap 
CO.CC:Free Domain

 

 Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

Go down 
PengirimMessage
yoniahmad
Warga Anyaran
yoniahmad


Jumlah posting : 25
Join date : 31.12.09
Age : 37
Lokasi : Semarang

Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa Empty
PostSubyek: Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa   Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa EmptySun Nov 14, 2010 7:27 pm

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake
yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan
Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang
Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara
Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa.
Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru.



Nalika semana ngarcapada, nadyan wis akeh manungsane, kahanane durung tumata.
Mula Bathara Guru ngersakake mranata kahananing para titah iku. Banjur miji para
dewa. Sang Hyang Kanekaputra matur yen ngarcapada kudu ana kang mimpin. Nanging
sapa? Miturut Bathara Kanekaputra, ora ana liya maneh kejaba ya mung Manumayasa
iku.

Bathara Guru sarujuk, nanging isih sumelang. Yen mung Manumayasa dhewe kangditugasi, apa bakal bisa ngleksanakake jejibahane kanthi becik? Sawise rembugan
sawatara suwene, Bathara Guru lan Kanekaputra sarujuk ngutus Sang Hyang Ismaya
melu tumurun marang ngarcapada ngancani Manumayasa.

Yen ana pewayangan, Bathara Ismaya kuwi jenenge sing luwih populer Semar. Maune
uga salah sawijining dewa kang dedunung ing kahyangan. Wiwit dina kuwi Ismaya
kadhawuhan tumurun ing ngarcapada kanthi tugas ngemong Manumayasa nganti saanakturune
besuk, amarga anak-turune Manumayasa iku wis dipesthekake dening jawata
bakal dadi pemimpine para manungsa, pemimpin kang kudu njejegake kautaman.
Supaya anak-turune Manumayasa tansah bisa lumaku ing garis kautaman, Ismaya kudu
tlaten ngemong. Kudu tansah ngelikake yen ana kang arep nalisir saka bebener.
Sabanjure Semar mapan ing Karangdhempel (uga ana kang ngarani Klampis Ireng). Dene
Manumayasa banjur yasa padhepokan ing Wukir Retawu. Semar kerep sowan menyang
Retawu, prasasat meh saben dina.

Sawise sawatara taun Manumayasa lan Ismaya manggon ana ngarcapada, Bathara Guru
lan Bathara Narada bali ngrembug bab Manumayasa lan Ismaya. Pamanggihe Bathara
Guru, Manumayasa kudu duwe sisihan supaya duwe keturunan kang besuk dadi
pemimpine bangsa manungsa. Mula, wanita kang dadi sisihane Manumayasa iku aja
mung sembarang wanita, ning kudu wanita sing duwe pribadi luhur, supaya bisa
nurunake anak-anak kang uga becik pakartine.

Bathara Guru lan Narada akhire sarujuk nurunake widadari kang duwe sipat ora mung
darbe rupa sulistya, ning uga pribadi luhur lan pantes dadi sisihane Manumayasa lan
Ismaya. Widadari kang diturunake yakuwi Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri. Nalika
tumurun ing ngarcapada, kekarone memba rupa dadi macan.
Nuju sawijining dina, Manumayasa didherekake Semar, mbebedhag sato ana ing alas.
Dumadakan kepethuk macan loro kang lagi nggereng-nggereng sajak arep mangsa
Manumayasa lan Semar. Manumayasa nuli ndudut jemparing loro pisan. Jemparing
linepasake, ngenani macan sakloron, sanalika badhar dadi widadari.
Dewi Kaniraras lan Dewi Kanastri banjur nyembah marang Manumayasa, lan matur yen
kekarone kadhawuhan dening jawata tumurun ing ngarcapada.

Gancaring carita, Dewi Kaniraras nuli kapundhut garwa dening Manumayasa. Dewi
Kanastri dadi bojone Semar. Manumayasa apeputra loro, yakuwi Sekutrem lan Sriyati.
Sekutrem nurunake para ratu Astina, kalebu Pandhawa lan Kurawa. Sriyati nurunake para
raja Mandaraka.

Dene Semar, tetep dadi abdi kang setya. Semar duwe anak telu: Gareng, Petruk, lan
Bagong kang uga banjur melu dadi abdine para anak-turune Manumayasa. Nanging uga
ana kang kandha, yen sejatine Gareng, Petruk, lan Bagong kuwi dudu anake Semar,
amarga dumadine saka dipuja

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/08/manumayasa-cikal-bakale-pandhawa-lan.html
Kembali Ke Atas Go down
http://yoniahmad.blogspot.com
 
Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
Forum Jawa Sutresna :: Karya Sastra Jawa :: Cerita Wayang-
Navigasi: