Forum Jawa Sutresna
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.



 
IndeksGalleryLatest imagesPencarianPendaftaranLogin
Login
Username:
Password:
Login otomatis: 
:: Lupa password?
Latest topics
» Keset Bagus Murah Meriah !!
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyMon Apr 29, 2013 11:19 am by syarief.oden

» Kemoceng Fiber Murah Meriah !!
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptySat Apr 27, 2013 3:22 pm by syarief.oden

» Piring Pecah Belah di Oden Houseware
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyWed Jan 30, 2013 4:13 pm by syarief.oden

» Franchise Bubble Drink Rp 4,5 juta
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyMon Dec 31, 2012 4:50 pm by syarief.oden

» Franchise French Fries Stik Kentang Goreng Bumbu Tabur
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyThu Oct 25, 2012 8:28 pm by revoindonesia

» Waralaba Jagung manis Sweet Cup corn
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyThu Oct 25, 2012 8:11 pm by revoindonesia

» Franchise Terlaris Jagung manis, stik kentang, bubble drink dll
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyThu Oct 25, 2012 8:08 pm by revoindonesia

» great time to trade forex currencies with the world economic problems
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptyMon Aug 01, 2011 2:41 pm by Tamu

» get facebook fans and likes xb
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptySun Jul 31, 2011 7:25 pm by Tamu

Pencarian
 
 

Display results as :
 
Rechercher Advanced Search
Statistics
Total 33 user terdaftar
User terdaftar terakhir adalah syarief.oden

Total 63 kiriman artikel dari user in 49 subjects
Top posters
yoniahmad (25)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
syarief.oden (14)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
Sastra Jawa (12)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
revoindonesia (4)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
jarwo mbilunk (2)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
erida (1)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
comting sastra (1)
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_lcapJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Voting_barJim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Vote_rcap 
CO.CC:Free Domain

 

 Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana

Go down 
PengirimMessage
yoniahmad
Warga Anyaran
yoniahmad


Jumlah posting : 25
Join date : 31.12.09
Age : 37
Lokasi : Semarang

Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana Empty
PostSubyek: Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana   Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana EmptySun Nov 14, 2010 7:36 pm

Ana ing crita-crita pedhalangan –kejaba ing lakon Babad Wanamarta– jenenge paraga
wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa
lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para
jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa
Mertani alias Alas Wanamarta.

Lakon kasebut, sing kalebu lakon carangan, versine sajake ora mung trima siji loro.
Minangka conto, pambabade alas sing sateruse dadi negara Amarta utawa Batanakawarsa
utawa Indraprastha kuwi ana sing nyritakake yen sing mrentahake iku Pabu Duryudana,
ratu Astina. Pamrihe ora kok dimen Pandhawa bisa duwe nagara, nanging supaya
Pandhawa sirna dimangsa sato wana galak utawa jim setan peri prayangan. Jalaran Alas
Mrentani ngono kondhang gawat keliwat-liwat, wingit kepati-pati.

Crita liya, sing ndhawuhake mbabad alas wingit kuwi Sri Bagendha Matswapati, raja
Wiratha minangka tandha panarima marang lelabuhane Pandhawa mbengkas reruweting
praja. Nalika mbabad alas kuwi, Pandhawa uga dibantu dening wadyabala Wiratha.
Intine lakon Babad Wanamarta iku salah sijine ngene: alas werit sing nedya kababat
mau, kraton kajiman kebak brekasakan. Tetunggule jim cacah lima, sing jeneng-jenenge
biasane dicritake kadidene: sing pembayun jim Prabu Yudhisthira, panenggake jim Arya
Dhandhun Wacana, panengah jim Raden Dananjaya, uga sok ana sing nyebutakake jim
Kumbang ali-ali. Warujune jim Nangkula-Sadewa.

Nalika Alas Mrentani wiwit dibabad Bratasena, jim Dandhun Wacana duka yayah sinipi,
prentah marang kabeh andhahane supaya ngrangket Bratasena. Bratasena banjur
dijalasutra nganti ora bisa ngglawat. Isane mung kari sambat-sambat ngundang Permadi.
Nalika iku Permadi kang diutus ngupadi Sena, sawise sowan Begawan Abiyasa, winisik
murih marang pratapan Pringcendhani, ketemu pendhita ula gedhe Begawan Wilwuk.
Ana kono pinundhut mantu kadhaupake karo putrine sing sesilih Endang Jimabang, lan
pinaringan pusaka lenga jayengkaton, sing kasiate bisa kanggo meruhi kabeh alaming jim
setan peri prayangan.

Saka Pringcendhani, Premadi nerusake laku. Tekan Alas Mrentani krungu sesambate
ingkang raka. Merga wis nggadhuh Jayengkaton, Permadi uninga yen Sena lagi kerangket
ing jalasutra, banjur diuwalake saka bebandan, lan dicaosi lenga jayengkaton.
Sawise bisa weruh alaming lelembut, Bratasena genti nglabrag setan brekasakan sing
ngreridhu anggone babad alas. Kabeh jim setan kaprawasa, padha lumayu marang ratugustine.
Sabanjure jim Prabu Yudhisthira sasedulur masrahake kratone marang Pandhawa
sakadang. Jim Prabu Yudhisthira manunggal sajiwa marang pambareping Pandhawa. Jim
Dhandhun Wacana nunggal sajiwa karo Bratasena sing wiwit kuwi asmane uga banjur
nunggak semi karo jenenge manggalaning jim Alas Wanamarta iku. Jim Kumbang Ali-ali
manunggal karo Permadi, lan jim Nangkula-Sadewa manunggal karo si kembar
warujuning Pandhawa.

Wayang Arya Dhandhun Wacana iku, sing gagrag Jogja apadene Solo, wujude pancen
memper karo Werkudara. Bedane, ing gelunge Dhandhun ngagem pasren garudha
mungkur. Kampuhe biasane parang rusak, dudu poleng bang-bintulu, lan ora duwe kuku
Pancanaka.

http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/08/jim-mangggala-arya-dhandhun-wacana.html
Kembali Ke Atas Go down
http://yoniahmad.blogspot.com
 
Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana
Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
Forum Jawa Sutresna :: Karya Sastra Jawa :: Cerita Wayang-
Navigasi: